Tresno
Iku...
Sutradara :
Dini Nur Azizah
Produser :
Novita Ayu Rahmadani
Penulis :
Dini Nur Azizah
Pemeran :
1. Ananta Aryabima à
Arya
2. Annisa Abdillah Zuhair D à Bu Romlah
3. Candidat Dentistaner G à Dalang 1
4. Dini Nur Azizah à Asih
5. Ghalib Candra Aufa G à Bagas
6. Laveane Hariyanto à Sari
7. Nabilla Salsabihanum à
Arum
8. Novita Ayu Rahmadani à Bu Romlah
9. Rahma Safina à Ayu
10.
Ridho Gusti Kaisar Aulia à
Pak Joko & Dalang 2
Agency :
515W0T0 Production
Tanggal Rilis :
17 Januari 2017
Bahasa :
Jawa
Genre :
Komedi Romantis
Ide Cerita :
Kelompok 4
Sinopsis :
Tresno
Iku...
Drama iki ngisahaake cerito sing umum nang kalangan arek
jaman saiki. Jenenge Ayu. Masio jenenge Ayu, nanging areke gak seayu rupane.
Dhewekne trisno utawa istilahe “jatuh cinta” marang salah siji kakak kelase,
sing jenenge Arya. Dhewekne nglakoni akeh cara sing iso nggawe dhewekne dadi
luwih apik, saengga Arya iso mangerteni perasaane.
Ceritane dimulai saking buku “Tips & Trik Menaklukkan
Hati Senior” kang disaranake dening koncone. Lan muncak ing salah siji kegiatan
lomba sing akhire nggowo dhewekne dadi murid terkenal lan uga nggawe konflik
sing ana ing uripe justru tambah angel.
Saengga akhire, dhewekne ngeroso uwes ono ing “puncak
kejenuhan dalam sebuah penantian” sing akhire ndukung dhewekne nglakoni opo
sing kudhu dilakoni sakat awal.
Tresno
Iku...
Diceritakne ing sawijining jaman modern, ana arek jenenge
Ayu. Masio jenenge Ayu, nanging dhewekne gak seayu rupane. Dhewekne tresno
marang kakak kelase. Lan berjuang piye carane iso ngentukne atine. Kepriye
perjuangane Ayu ngentukne atine ? Langsung ae nang TKP.
Adegan
I
(Ing Dalan)
Arya : (Keceblokan pelem banjur
dijukuk lan ditawakne Ayu) “Arep pelem ?”
Ayu : (Kaget) “Ha? Opo?”
Arya : (Ngekekne pelem) “Arep
pelem?”
Ayu : (Nampani pelem) “Eh,
iyo.”
Arya : (Mlaku ninggal Ayu)
Ayu : (Mbengoki Arya) “He,
kesuwun”
Arya : (Mandek nawakne pelem nang
Sari) “Arep pelem?”
Sari : (Mesem) “Eh, enggih.
Maturnuwun.”
Arya : (Mesem) “Iyo, podo-podo.
Dhisikan yo.”
Sari : (Mesem) “Eh, enggih.
Monggo.”
Ayu : (Mrengut) “Owalah, tak
kiro gur ngekekne nang aku tok. Tibake... Pancen kabeh arek lanang podho ae.”
Dalang : (Mlaku menyang panggung)
“Owalah-alah... jan arek wedok saiki, isih cilik kok wes podo lanang-lanangan.”
Oke,
kembali ke laptop. Mbalek nang cerito. Dadi, tibake iki mau pertemuan pertama
antarane Ayu lan Arya.
Dalang : “Eh, sek sek. Tapi, kok
ketoke mau wes podo kenal yo. Sek, tak takok ane. (Marani
Ayu) “Eh, rene-rene. Tak takoki.”
Ayu : (Marani Dalang) “Opo,
Lang?”
Dalang : “Samean opo wes kenal cah
lanang mau ?”
Ayu : (Mesem) “Owalah, arek iku
mau to, Lang? Yo kenal lah.”
Dalang : (Kaget) “Lho, kok iso? Aku
kan sing ngarang ceritone. Nang ceritane iki samean gurung kenal marang cah
lanang mau.”
Ayu : (Nesu) “Emoh, gak iso.
Aku kudu wes kenal. Aku kan diluk ngkas bakal dadi pacare arek iku mau.” (Mlaku
ninggalne Dalang)
Dalang : “Ooo.. kepriben iki. Enek to
pemain ngatur Dalange. Selekethep terae. Yowes, intine tibake Ayu ambek Arya
wes podo kenal.”
Adegan II
Pirangane
dino salmarine iku, ing njero kantin ing wayah istirahat...
Asih : (Ngetokne HP) “Eh, tak
duduhi to. Aku mambengi mari nyetalker instagrame Mas Kukuh oo... deloken to,
tak kiro iki sek jomblo hayo, tibake wes duwe pacar oo.. Ya Allah, padahal aku
pingin nyepik o..” (Susah)
Arum : (Nyedek Asih) “Eh,
sopo-sopo? Sopo pacare?”
Asih : (Nduduhne HP ne) “Iki
lho, Mbak Alfina Uswatun Hasanah, arek Smanpur. Kakelku pas SMP”
Arum : “Owalah, yo sing sabar,
Sih. Santai, sek akeh kok stok cogane smansa.” (Ngelirik Ayu) “Yu, amu iki
sakjane ndelok opo to? Kok sajak ane ket mau fuokus.”
Ayu : (Panggah ndelok HP)
“Hmm?”
Arum : (Njabut HPne Ayu) “Ooo...
ndelok instagrame cogan...”
Ayu : (Ngranggeh HPne) “Aaa..
ojo to Rum. Ndang to balekno.”
Asih : “Cogan sopo, Rum ? Arek
endi ?”
Arum : (Nyecroll HP ne Ayu) “Sek
sek tak delok bione. Ooo... iki iki. (Ngomong banter-banter) Aryazal Fathoni.
Kelas XII MIPA 1. SMAN 1 Genteng. Satwika Football Club. Follback?? Please
comment!”
Asih : (Kaget) “Ha? Mas Arya?
Iku kan mas-mas anyar IPA1 sing cogan pinter iku.”
Arum : “Owalaa... Mas anggota
Timnas U-18 iku to? Ya Allah, Ayu nyenengi mas iku? Hahaha.” (Ngguyu)
Ayu : (Mrengut) “Hih, kok
nguece to amu, rek.”
(Moro-moro
Sari teko)
Sari : “Heh, arek pinggiran.
Sadar to, amu sopo Mas Arya sopo. Amu iki gak pantes nyenengi Mas Arya. Sing
pantes karo Mas Arya iki gur aku, Sari. Sari Rotul Husna. Ngerti?” (Banjur
ngaleh)
Asih : “Wes Yu, ojo dirungokne
Si Sari-sari Roti iku. Tak dudui rahasiaku pas naklukne Mas Kukuh. Downloden
buku “Tips & Trik Menaklukkan Hati Senior” sing ono nang Wattpad. Dijamin,
manjur.”
Ayu : “Emang amu wes naklukne
Mas Kukuh ?”
Asih : “Yo gak se, yo tapi kan
setidaknya diriku pernah berjuang...” (Nyanyi)
Dalang : (Mlayu) “Wes, hop hop.
Suaramu cempreng. Ngentek-ngenteki waktu pisan. Koncomu liane gurung metu. Wes,
hus ngaleh.”
Asih : (Gedek-gedek) “Beh, terae
Dalang nguece janan.”
(Ayu lan konco-koncone
banjur ngaleh)
Adegan
III
Ing panggonan liyo, ana 2 gurune Ayu, guru olahraga lan
guru wali kelas.
Pak
Joko : (Ngekei bingkisan nang
Bu Rohmah) “Nganu, bu niki. Kulo dhekwingi mantun dugi Jogja. Terus wangsule
tumbas niki. Sepuntene bu, menawi oleh-olehe gak pati berkesan.”
Bu
Rohmah : (Mesam-mesem) “Ya Allah,
Pak. Mboten nopo-nopo. Njenengan sukani niki mawon lo, kulo sueneng. Niku
tandane njenengan mikirne kulo mawon teng dalan.”
Pak
Joko : (Nyengir) “Oh, nggih
Bu.”
(Bu
Romlah marani karone)
Bu
Romlah : (Mesem) “Sugeng siyang,
Pak Joko.”
Pak
Joko : (Mesem) “Sugeng
siyang, Bu.”
Bu
Romlah :“Oh, enggih kulo kesupen.
Enten salam dugi ibu. Menawi masalah rasukan manten sampun diurus kaliyan ibu.
Dadose ibune njenengan mboten usah repot-repot.”
Pak
Joko : “Oh, iyo Dek. Eh,
maksud kulo enggih Bu.”
Bu
Romlah : (Mesem) “Wonten mawon
bapak niki.”
Bu
Rohmah : (Kaget) “Eh, riyen-riyen.
Maksute nopo niki nggih ? Kok mboten paham kulo.”
Pak
Joko : “Ehem” (Ngelirik Bu
Romlah)
Bu
Romlah : (Mesem) “Njenengan mawon
sing njelasne, Pak.”
Pak
Joko : “Ngeten Bu. Kulo kaleh
Bu Romlah ulan ngajeng ajenge nggelar mantenan.”
Bu
Rohmah : “Ha? Mantenane njenengan,
Pak? Kaleh Bu Romlah?”
Pak
Joko : “Inggih, Bu.”
Bu
Rohmah : “Kulo nyuwun pamit, Pak.”
(Bu
Rohmah ngaleh banjur nyanyi)
“Kudu ping piro... aku
kudu ngodeni Joko... Kudu ping piro... ku nggawe peka si Joko...
Ing angger bengi iki
aku, sitikpun kon gak iling aku, anging sliramu nyidrani aku, gur nggawe loro
atiku...
Loro loro loro sing tak
rasakne, ping kaping kaping kaping kuwe ngekekne
Tresnoku mok gawe
dulinan ae, anging aku isih ae tresno kowe...”
Dalang : (Marani Bu Rohmah) “Owalah
Bu, Bu. Lanangan gak mek 1. Samean lho, yo ayu. Taken ambek aku ae ayo, Bu.”
Bu
Rohmah : (Mleroki Dalang) “Hih,
emoh. Samean lo opo. Gak melok main peran. Penggaweane gur moco narasi. Gur
dadi Dalang, lemu pisan. Gak koyok Pak Joko.” (Banjur ngaleh)
Dalang : (Gedek-gedek) “Ayu-ayu,
sadis.”
Oke,
kembali ke laptop. Ing panggonan liyo, ana Sari sing lagi golek-golek perhatian
marang Arya. Kepriye ceritane ? Langsung ae nang TKP.
Adegan
IV
Sari : “Permisi, Kak. Maaf
ganggu.” (Nyedeki Arya)
Arya : (Nguwasi Sari) “Oh, iya.
Ada apa, Dek ? Eh, sebentar, kamu ini yang waktu itu kan ?”
Sari : (Manthuk lan mesem)
“Iya, Kak.”
Arya : (Mesem) “Oh, yo wes. Lak
ngomong jowo ae. Gak penak rasane ngomong nggawe basa indonesia, rasane piye
ngono.”
Dalang : (Marani Arya) “Halah gayamu.
Terae iki drama basa jawa le. Lak ngomonge basa indonesia, iku jenenge drama
basa indonesia”
Arya : “Sirik ae to we, Lang.”
Dalang : “Yo wes, sepurane. Terusno
wes ceritane. Tak ngaleh aku.”
Arya : “Sepurane, mau enek
gangguan.”
Sari : “Oh, enggih. Mboten
nopo-nopo.”
Arya : “Beh, lak ngomong ojo
kromo to. Sungkan aku.”
Sari : “Ah, enggih. Eh,
maksutku iyo.”
Arya : “Oh yo, enek keperluan opo
?”
Sari : “Dadi ngene Mas, aku
sisuk Minggu pengen milu Try Out Stan. Lha jare koncoku iso daftar nang
samean.”
Arya : “Owalah, iyo-iyo. Sopo
jenengmu ? Kene, tak catete.” (Banjur mbukak HP)
Sari : “Jenengku Sari Rotul
Husna, Mas. Teko kelas XI MIPA 1.”
Arya : “Ooo, iyo uwes.”
Sari : (Nguwehne duwek) “Iki
mas duwek TO ne. Oh yo mas, aku oleh njaluk pin e samean, menowo koncoku enek
sing daftar, ben penak.”
Arya : (Nduduhne HP ne) “Oh yo,
iki.”
Sari : (Ngadek) “Ehm, yo wes
mas. Maturnuwun.”
Arya
: (Manthuk) “Ooo, iyo
podo-podo.”
(Ing panggonan liyo)
Bu
Rohmah : “Deloken to muridmu, Bu.
Cah wedok kok marani cah lanang. Lingguh keloron pisan. Ngisin-ngisini wong
wedok ae.”
Bu
Romlah : “Luwih isin endi yo ?
Tinimbang ketemon nyenengi calon gandhenge wong liyo. Timbangane ngurusi
muridku, angur urusen muridmu dewe kono lho, Bu. 2 dino ngkas, ana lomba tartil
kanggo ngisi adicara muludan. Siapno muridmu ben iso ngalahne muridku.”
(Bu
Rohmah banjur ngaleh lan enggal-enggal melbu kelas)
Bu
Rohmah : (Melbu kelas)
“Assalamu`alaikum. Nduk, Ayu cah ayu, rinio diluk nduk.”
Ayu : (Marani Bu Rohmah)
“Wa`alaikumsalam. Wonten nopo, Bu ?”
Bu
Rohmah : “Dadi ngene nduk, 2 dino ngkas
bakal ana lomba tartil kanggo ngisi adicara muludan. Ibu kepengen... banget
samean ngewakili kelas, ben iso mbuktikne marang Bu Romlah menawa kelas XI MIPA
4 iku murid e ora kalah hebat karo kelas XI MIPA 1.”
Ayu : “Tapi, Bu... kulo dereng
saget tartil.”
Bu
Rohmah : “Uwes to, Ibu yakin
samean iso. Yowes, ibu tak menyang ruang guru. Assalamu`alaikum.” (Banjur
ngaleh)
Ayu : “Wa`alaikumsalam.”
Lan
akhire, dino ing wayah Ayu lomba, teko.
Adegan
V
Ayu : (Moco Al-Qur`an) “Wa la,
yukaddzi bu ka ba`du biddin, alaisallahu bi akh kamil khakimin...
Sodaqallahul`adzim...” (Banjur nutup Al`Qur`an)
Bagas : (Nggumun) “Subhanallah
(ngelus dodo), kok uenak lantunan ayate Ya Allah, nentremne ati. Wes suarane
enak, cah e ayu pisan. Sopo yo cah iku ?”
Arya : (Nyekel pundake Bagas)
“Ojo, Gas. Gak oleh, duso. Isih cilik cah iku. Ape dadi pedofil a ? Masio arek
e yo gak pati ayu, gak koyok mantan-mantanmu biyen.”
Bagas : (Nguwasi Arya) “Pedofil ?
Mok kiro aku macari arek TK ? Eh, ojo ngenyek to. Deloken to, lak
disawang-sawang areke iku uayu asline. Opo meneh pas moco Al-Qur`an mau. Wajahe
ketok bersinar ngono.”
Arya : “Wes to, manuto. Ojo
nyenengi arek kui.”
Bagas : “Opo`o ? Amu nyenengi areke
to ?”
Arya : “Yo ora, tapi...” “Tapi
aku ora mung nyenengi tok Gas, aku wes tresno marang arek e.” (Suara batine
Arya)
Bagas : “Yo wes lak ora, deloken ae
sisuk. Oke.” (Banjur ninggalne Arya)
Arya : (Mbengoki Bagas) “Gas,
Bagas..”
Dalang : (Marani Arya) “Ooo... terae
cah gemblung. Wes eruh ape kenek tikung, malah plonga-plongo, gur celak-celuk.”
Arya : (Ngamuk) “Lho, iku iki
salae samean, Lang. Salahe sopo ngekeki aku watak sing puasrah ngene.”
Dalang : “Lho ? Sopo sing ngongkon
manut ?”
Arya : “Yo lak aku gak manut
engkuk aku gak dilebokne drama. Malah gak entuk biji basa jawa.”
Dalang : “Yo iku jenenge nasib. Wes,
kono ngaleh. Ganti adegan.”
Sakwise
Bagas ninggalne Arya, tibake dhewekne marani Ayu.
Adegan
VI
Bagas :
(Nyegat mlakune Ayu) “Ehm..”
Ayu :
(Ndingkluk) “Permisi, Kak. Saya mau lewat.”
Bagas :
“Gak usah canggung to dek. Gapopo kok. Gak usah wedi. Aku apikan kok wonge.”
Ayu :
(Nguwasi Bagas) “Ha, iki kan koncone Mas Arya sing dijak omong-omongan nang
ngarep masjid mau. Aku kudu iso manfaatne mas iki ben iso cedek ambek Mas
Arya.” (Suara batine Ayu)
Bagas :
“Dek, engkuk sore enek waktu ?”
Ayu :
“Damel nopo, Mas?”
Bagas :
“Aku ape ngomong sesuatu. Engkuk tak enteni nang Aula. Diluk, ae. Teko.o yo. Yo
wes, Asalamu`alaikum.”
Ayu :
“Wa`alaikumsalam.”
Dalang :
“Ayu bingung, dhewekne penasaran...”
Bu Romlah : (Marani Dalang sing diganti Pak Joko) “Lho, kok dalange
maleh samean, Pak ? Opo`o ? Endi Dalang sing lemu mau ?”
Dalang 2 :
“Nganu, Bu. Kulo namung wonten setunggal adegan, dadose kulo ngewangi Dalang
kersane saget biji ingkang sae.”
Bu Romlah : “Owalah, kok nguenes to, samean pak. Sopo to pengarang
ambek sing nggawe ide drama iki, kok tego-tegone ngetokne samean gur 1 adegan.”
Dalang 2 :
“Niku lho, sing dadi Asih kaleh Bu Rohmah.”
Bu Romlah : “Owalah, ketang, Bu Rohmah...”
Bu Rohmah : (Marani karone) “Sopo iki sing nyebut-nyebut jenengku ?
Aku lho wes entek adegane.”
Bu Romlah : “Aku, Bu. Samean opo`o to Bu jane kok suirik nang
ceritoku ambek Pak Joko, sampek tego-tegone Pak Joko gur ditokne 1 adegan.”
Bu Rohmah : “Yo yo to, sing nggawe ide dramane lho lawong aku, yo gak
terimo to aku digawe soro, dene samean karo Pak Joko bahagia nang duwure
penderitaanku. Kok ra sudi men!”
Dalang :
“Yo wes, ibu-ibu. Sampun-sampun. Mboten usah tukaran. Waktune selak entek.
Soale mung dijatah 15 menit. Saiki samean ngaliho, banjur aku tak mocokne narasi.”
Ayu bingung. Dhewekne penasaran, opo sing bakal diomongne
dening Bagas. Sore teko. Tibake, Bagas ngungkapne perasaane marang Ayu. Ayu
bingung kudhu jawab opo. Tapi, Ayu akhire nompo rasa welase Bagas marang
dhewekne. Anging, sakjane Ayu nglakoni iku, amarga pingin cedhek karo Arya. Lan
sakat iku, karone wes dadi pacar. Amarga wes dadi pacar, Bagas sering ngandani
Ayu, supaya iso ngerawat awak. Saengga, tambah suwi, rupane Ayu maleh. Dhewekne
dadi tambah ayu. Karone uga sering metu bareng. Lan nggawe Ayu lali marang
ulang tahune koncone, Asih.
Adegan
VII
(Via Telpon)
Asih : “Halo, Ayu.”
Ayu : “Halo, Sih. Asih, sepurane aku sek
repot, aku saiki kesusu, selak dienteni Mas Bagas. Engkuk ae yo, tak telpon.
Bye.”
Wes ping kaping-kaping Asih njajal ngomong marang Ayu
masalah ulang tahune, nanging Ayu mesti njawab karo jawaban sing podo.
“Sepurane aku sek repot.” Saengga nggawe kekoncoan karone benthet ing tengah
ndalan.
Arum : “Halo, Ayu.”
Ayu : “Halo, Rum. Rum, sepurane aku sek
repot...”
Arum : “Hop, sek diluk ae, Yu. Aku njaluk waktumu.
Iki masalah Asih.”
Ayu : “Opo`o karo Asih ?”
Arum : “Amu lali ? Asih engkuk bengi ulang tahun.
Tapi, amu gak ngurus blas, malah repot karo Mas Bagas.”
Ayu : “Oh, yo. Gampang, engkuk bengi aku tak
rono, wes yo...”
Arum : “Yu, sek Yu ....” (Tut... tut... tut)
Bengi teko. Nanging, opo sing kedaden ? Ayu nglalekne
Asih, lan malah ngenakne turu amarga kekeselen metu karo Bagas. Sisuke, Ayu
kelingan, lan njaluk sepuro marang Asih lan Arum amarga kesalaane. Nanging,
Asih lan Arum wes ketutup atine kanggo nyepurani Ayu. Ayu sadar menawa dhewekne
salah. Lan sebab kesalaane iku, amarga Bagas. Akhire, dhewekne putus karo
Bagas.
Adegan
VIII
Bagas : (Ndingkluk) “Ya, aku putus
karo Ayu.”
Arya : (Nguwasi Bagas) “Opo`o ?”
Bagas : “Arek e terpaksa gelem dadi
pacarku. Sakjane, arek e seneng arek liyo. Tapi, amarga koncone, arek e dadi
gelem nompo aku dadi pacare. Lan saiki arek e tukaran karo koncone. Arek e
mikir, menawa goro-goro aku arek e tukaran karo koncone.”
Arya : (Nepuk pundake Bagas)
“Wes, sing sabar Gas.”
Bagas : “Aku njaluk tulong, Ya.
Tulong amu janji ojo sampek pacaran karo Ayu. Aku seneng tenanan marang Ayu.
Aku gak pingin arek e ambek wong liyo.”
Arya : (Ndingkluk) “Sepurane, aku
gaiso janji, Gas. Tresnoku marang Ayu luwih jeru tinimbang tresnomu marang
Ayu.” (Suara batin)
Sakwise putus karo Bagas, Ayu njaluk sepuro maneh marang
koncone. Lan nyeritakne sakabehane. Koncone mangerteni, lan akhire ketelune mau
akur meneh. Lan nggawe bungah atine Ayu. Nanging, sakjane ing jero lubuk atine,
Ayu durung iso bahagia, amarga durung iso nduweni Arya.
Adegan
IX
Arum : “Yu, sakjane amu iki nyesel
to putus karo Mas Bagas ? Kok sajak ane nekuk... ae wajahmu ket mau.”
Asih : (Nyedeki Ayu) “Iyo, Yu.
Lak pancen amu maleh seneng tenan nang Mas Bagas, adewe gapopo kok, Yu. Pokok
ojo nglalekne adewe meneh.”
Ayu : “Ora, rek... aku gak
kepikiran iku. Aku kepikiran Mas Arya. Diluk ngkas Mas Arya lulus, tapi aku
kepengen, sakdurunge Mas Arya lulus, Mas Arya mangerteni perasaanku.”
Arum : “Aa, aku duwe ide. Amu kan
isinan, ape nembak langsung gak mungkin. Piye lak engkuk bengi amu nggaweo
surat, sing isine perasaanmu marang areke, terus sisuk uisuk... sakdurunge akeh
arek budal sekolah dekek en nang slorokan bangkune.”
Asih : “Lha, sip iku. Setuju!!!
Tapi, amu eruh to bangkune sing endi ?”
Ayu : “Eruh, tapi aku wedi,
rek...”
Arum : “Wes to gapopo, Yu.”
Asih : “Iyo, Yu. Lak gak saiki
kapan meneh ?”
Ayu : “Yo wes lah, bismillah.”
(Sisuk
e ing kelase Arya, Ayu ndekek surat nang kelase Arya)
Tanpo Ayu weruhi, Arya uwes pindah sekolah sakat Bagas
curhat marang Arya. Arya ora pengen ngerusak kekoncoane karo Bagas, nanging uga
ora iso ngilangne roso tresnane marang Ayu. Saengga, Arya luwih milih pindah
sekolah ing sekolah khusus pesepakbolaan nyambi ngembangne bakate, tinimbang
kudu mendem roso tresnane marang Ayu.
#TAMAT#
Tidak ada komentar:
Posting Komentar