Umpomo
Pandawa Limo
Diceritake,Ing
sawijining dina, ana pasangan temanten anyar. Yaiku Pandhu lan Kunthi. Pandhu
iku Raja saka Kerajaan Ngastinapura. Pasutri iku romantis kayata ing drakor
ngono kae. Ayo kita deleng bareng-bareng kisah selanjute.
Pandhu : (ngewehi kembang marang Kunthi) “ aku tresna karo kowe.”
Kunthi :” Aduh isin aku mas,koyok arek
enomae.”
Pandhu :” yo gakpopo to,terahe arek enom
kok.”
Kunthi :” maturnuwun lo mas.”
Pandhu :” ojok nyeluk mas to,nyeluk papi
ae.”
Kunthi :” yo wes papi ae,samean pisan to.”
Pandhu :” mami...”
Kunthi :”papi...”
Pandhu :”mi...”
Kunthi :”pi...”
( Pandhu lan Kunthi senggol-senggolan nganti Kunthi
ceblok sakakursine.)
Kriiinggg...Kriinggg...(suara telpon ing hp ne
Pandu)
Pandhu :(ngangkat
telpon) “Halo....opo?...perang?...kok iso?...Ing ngendi?...Kapan?...oalah
yo sesok ae.” (nutup telpon) “ora
ngerti manten anyar ae,malah ana perang.”
Kunthi :" ana perang opo mneh to pi?”
Pandhu :” ora usah dipikir. Perange sek
sesok ae lo. Saiki ayo turu sek.”
Isuk
e Pandhu budal ngadephi perang. Perang berlangsung sengit. Pandhu sempet
kuwalahan, nanging Perang dimenangake dening Kerajaan Ngastinapura.Sakwise iku,
Pandhu mlaku-mlaku menyang hutan arep golek mangsa kanggo perayaan.Nanging..
Pandhu : (karo nyekel busur panah) “ Waduh,salah. Panahe tembus teko endi
iku? Kok koyok teko Arab.” (mlayu marani
panahe)
(Sak tibane ing panggone)
Madri :”Astaghfirullah...allahuakbar...lailahaillallah...dadaku
Ya allah”
Pandhu :” Waduh sepurane wong ayu,eh wong
Arab.Sekmenengo tak cabute.”
Madri :” yo wes to mas,ndangan. Ojo
ngomong ae.Selak tambah loro iki.”
Pandhu :” Iyo” (karo nyabut panahe) “sepurane yo,samean jenenge sopo?”
Madri :” kulo to?kulo namine Dewi Madri”
Pandhu :”Oalah Madri,sepurane seng akeh
yo.”
Madri :” emoh,aku emoh nyepurani
samean.”
Pandhu :” lo yo ojo to,sepurane tenan aku
ora sengojo.”
Madri :” aku gelem yen samepan tanggung
jawab.”
Pandhu “ Tanggung jawab piye?”
Madri “ Bojoen aku pokok e”
Pandhu :”Lah? Mbojo amu? Tapi nang
kerajaanku seng gedhe kae,wes onok bojoku jenenge Kunthi. Nanging yen wong ayu
iki mekso yo ayo.”
Madri :”tenan mas? Yo ayo saiki budal
ijab kabul nang Masjid Nabawi.”
Pandhu
lan Madri akhire rabi. Sakbanjure adicara iku,Pandhu ngajak Madri nang
Ngastinapura.Setibane ing Ngastinapura...
Pandhu :”Kunthi...oh Kunthi...Papi teko iki
lo...”
Kunthi : (mlayu marani Pandhu)”Eh papi..kok suwi to perange. Aku kangen lo
pi..”
Pandhu :”Utututu...mrene mamiku sayang. Aku
yo kangen banget nang mami.”
Kunthi :”pi aku arep ngomong sesuatu lo
pi,aku...”
Pandhu :” Eh hop sek...aku yo arep ape
ngomong mi. Dri...rene dri...”(madri
mlebu)
Kunthi :”loh sopo iki pi?” (wajahe kaget)
Madri :”Kulo Dewi Madri mbak. Bojone mas
Pandhu.”
Kunthi :”Loh bojo kepriye to? Kok iso?”
Pandhu :” sek ngene lo ceritane.”
Pandhu
njelasne marang Kunthi pas dheweke
perang, salah manah, ketemu Madri nganti rabi karo Madri.
Pandhu :” Dadi ngono ceritane mi.”
Kunthi :” Oalah pi,padahal lo aku arep
ngomong yen aku iki meteng. Kok malah muleh perang gowo bojo anyar.”
Pandhu :” Ha tenan mi? Berarti aku arep
dadi bapak? Hebojoku mbobot bojoku mbobot.”
Madri :” Iyo mas aku krungu. Slamet yo
mbak yu.”
Kunthi :” yo kesuwun. Yo wes lah yen ngono
takdire yo kepriye maneh.”
Madri :” maturnuwun pangertenane nggeh
mbak.”
Kunthi :”iyo.”
Pandhu :”Yo ngono,seng akur yo sayangku.”
Awale
Kunthi ora seneng marang Madri. Nanging suwi suwi Kunthi biasa ae lan nerimo
opo enek e. Gak keroso wis 9 wulan Kunthi meteng. Nganti wayahe Kunthi
ngelairake.
Kunthi :”Aduh..opo’o iki wetengku? Aduh ojo
ojo...Papi...pi...ndang mreneo wetengku mules. Koyok arep lairan pi.”
Pandhu :” Ha arep ngelairake mi? Madri!
Madri! Ndang mreneo Kunti arep ngelairake.”
Madri :”Ha mbak Kunthi arepngelairake.”
Pandhu :”iyo,bedheken sek. Iki anak e
lanang ta wadon?”
Madri :”emm...wadon paleng mas.”
Pandhu :”Heh yo gak iso,iki mestine lanang
seng metu.”
Kunthi :”Heh kowe kabeh iki kepriye to
karepe. Wetengku mules arep ngelairake kok nmalah bedhek bedhekan.”
Pandhu :” Loh iyo mi,sepurane kesenengen
iki mau mi. Yo wes Madri ndang celuk en dukun beranak kerajaan mrene.”
Madri :” Enggeh mas siap.”
Akhire madri
nyeluk dukun beranak .Ing omahe dukun
Madri :”Assalamualaikum kun.”
Dukun :”waalaikumsalam,enggeh wonten
ndoro madri? Kok ketok e njenengan bingung lan gupuh.”
Madri :” iku lo mbak Kunthi arep lairan.
Aku diutus mas Pandhu sameankok ndang mrono.”
Dukun :” Yoalah,badhe ngelairake.”
Madri :”iyo ayo ndang mrono. Ojo
kakean nggumung.”
Dukun :”nggeh pun ayo monggo bidal.”
(saktibane ing kerajaan,dukun beranak lan Madri
cepet-cepet menyang kamare Kunthi.)
Ing kamare
Kunthi..
Kunthi :”Aduh pi...loroiki..endi to dukune
iki?”
Pandhu :”sabar to mi,sabar sek.”
Kunthi :”sabar gundulmu,iki wes buka 15 sek kon sabar ae.”
Kunthi :”sabar gundulmu,iki wes buka 15 sek kon sabar ae.”
Pandhu :” sek to mi,sek.”
(Dukun
beranak teko)
Dukun :”Pundi niki seng badhe lairan?”
Pandu :” iki lo bojoku seng arep
lairan.”
Dukun :”oh enggeh enggeh.”
(Prosesi
kelairan berlangsung.)
Ing sakdawane
proses kelairan. Akhire anak pertama wes lair.
Arjuna :”Aku putra Pan...”
Yudhistira :”Loh nyapo kok awakmu. Iki wayahku le”
Arjun :”Aku sek to mas”
Yudhistira :”Ora iso,mlebu o meneh .”
Arjuna :”Oalah yo wes..” (mbalik maneh)
Yudhistira :” Aku Yudhistira,putra sulung Pandhu
Dewanata lanDewi Kunthi. Gamanku Jamus Kalimasada,kitab Agung lanbakal dadi tombakku
ingpeperangan.Aku titisan Bathara Dharma. Asil,sabar,lan jujur iku kepribadenku. Bijaksana marang warga lan
kerabatku.”
Anak
e Pandhu lan Kunthi lair langsung perawakane Gedhe lan gagah banget. Amarga
titisane saka Dewa. Sakbanjure, kirokiro enek keliwat 3taun. Tibak e enek kabar yen Kunthi iku wes meteng anak ke loro.
Wes keliwat 7 ulan,Ing wayah enjing seng cerah banget,
Kunthi, Madri, lanPandhu lagi lungguh
ing balkon Kerajaan. Pandhu lagi keasikenmain game, lan Kunthi lagi moco majalah lan dipijeti karo Madri.
Kunthi :” Dri...wetengku kok tambah gedhe
banget yo.”
Madri :” yoalah mbak yu,jenenge ae wong
meteng. Yo mestine tambah Gedhe wetenge.”
Kunthi :”Ora ngono maksute, iki kok
gedhene gak koyokbiasane to.”
Pandhu :”wes to,sak gedhe-gedhene kan yo
enek isine, Ora koyok aku ngene, angin tok.”
(Moro moro wetenge Kunthi keroso loro)
Kunthi :”Aduh pi...iki wetengku kok loro
yo...aduh iki mari dirasani kok ngene...aduh wetengku..aduh...”
Madri :”Lah jabang bayine arep lair iku
mbak yu.”
Pandhu :”Lah dalah,wes arep mbayi maneh.
Sek dukune endi dukune?” (marani dukun)
“kun...dukun...kun..reneo kun.”
Sakwise
iku dukun teko,prosesi kelairan anak ke loro kedaden.Anak ke loro iki laire penuh perjuangan banget.
(prosesi kelairan)
Anak keloro lair.
Awake gedhe banget,berotot,wes kayata binaragawan kae lo.
Arjuna :”Akhire... aku putra Pandhu lan
dew...”
Bima :”Heh kok awakmu maneh,arep
nyapo?”
Arjuna :”Lair mas,kok leren takon.”
Bima :”Kok iso,awakmu iki anak e
sopo...aku seng lair.”
Arjuna :”loh aku anak e,iki wayahku to.”
Bima :”Ngawur ae,wes balik o. Jatahku
iki..”
Arjuna :”Oalah ngalah maneh.” (mbalik maneh)
Bima :” Piye to arek iku..yo wes. Aku
Bima, putra ke loro Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi.Gamanku Gada Rujakpala,
sing bakal dadi pentung gae musuh-musuhku. Aku titisan saka Bathara Bayu. Otot
kawat tulang wesi, Wani,kuat, lan gagah prakoso.”
Taun keliwat taun berlalu. Ono kabar
yen Khunti meteng maneh. “ Beh kok yo kari subur yo rek, Pandhu kok yo kuat
pisan. Beh kuat...kuat...” yoweskelanjutane piye? Ayo dideleng.
Kunthi :”Pi ayo ta terno aku nang dukun
kae. Ndeleng rupane anak eiki.”
Pandhu :” Nyapo rono barang?”
Kunthi :” Loh, gak pengen ngerti to? Ayo
to terne pokok e.Saiki kudu budal.”
Pandhu : “Yo wes ayo ayo budal.”
(saktibane ing omae dukun)
Dukun :” Sugeng rawuh kanjeng Pandhu lan
ndoro Kunthi. Wonten nopo niki, badhe lairan maleh?”
Pandhu :” Iki lo bojoku njaluk diramal anak
e. Koyok USG ngono kae lo.”
Dukun :”Oalah nggeh monggo monggo.
Lenggah mriki ndoro.”(Kunthi lungguh nang
kursi) “Niki alat USG tasek anyar,model terbaru.Monggo kulo perikso” (karo nerawang lan ngeraba wetenge Kunthi)
Kunthi :”Kepriye mbah dukun?”
Dukun :”Masya Allah,nikijabang bayine
waduh...”
Pandhu :” Opo’o bayiku kun?”
Dukun :”Niki bayine lanangh
niki..rupane..mboten saged disawang niki.”
Kunthi :”Dak iso disawang kepriye to kun?”
Dukun :”Niki...rupone guanteng eram niki.
Mboten ngapusi gantenge.”
Pandhu :” Tenan to,beh terahno bibitku
tenan iki . Sek kun,rupane kepriye?”
Dukun :”Aduh..niki rupane sampun koyok
penyanyi niku lo,penyanyine guling ngomong guling ngomong.Seng guanteng,
brengose kuandel,alise tuebel,yen dideleng sueger...sinten niku asmane zen
mbalek,zen kuwalek, halah niku wes pokok e.”
Pandhu :”Zen malek kun, zen malek.”
Dukun :”Nggeh niku pokok e.”
Kunthi :” trus iki lair kapan kun? Lairan sak niki ae kun.”
Dukun :” lah sak niki, nggeh pun
monggo...”
Pandhu :”Siapwes siap. Sek tak telpon
yudhis lan bima.”(ngangkat telpone)”
Tole anakku ndang rene,ibyukmu arep lairan...nang omaedukun...cepetanyo...iyo
saiki.”
Yudhis lan Bima
teko menyang omae dukun.
Pandhu :” yowes kun ayo mulai.”
Dukun :”siap kanjeng.”
Bima :”mas ayo ndungo, adik e seng
anyar arep lair.”
Yudhis tira :”
iyo ayo ngewangi dukune pisan.”
(proses kelairan)
Kelairan
anak seng ke 3 iki mau kedaden sengit kayata perang dunia ke 3. Tenogo lan
nyowo dadi taruhane.
Bima :” dek,metuo to metuo.”
Yudhistira :” laiyo kok betah lo,sempit nang kono.”
Arjuna :” moh aku,moh lair. Salae..”
Pandhu :” loh piye to le,ayo metu.”
Bima :” ayo ta ojo nesu. Iki lo aku
duwe...”
Lan
akhire 3 dino 3 bengi anak seng ke 3 iki mau lair. Gawe bungahe kabeh uwong.
Arjuna :”duwe opo...endi?”
Bima :”
o terahno tit kowe iki. Di iming imingi baru metu.”
Yudhistira :” Nyapo mau gk gelem metu barang?”
Arjuna :” salae aku mulai kae pengen metu
gak diolehi.”
Yudhistira :” yo terahno dorong wayae lo.”
Bima :”terus jenengmu sopo le?
Kenalan sek to.”
Arjuna :” Oh iyo, bapak endi yo? Aku lair
dorong nduwe jeneng.”
Yudhistira :” Yo kenalan sak seneng mu kono.”
Arjuna :” yo wes, Jenengku....Arjuna ae
wes. Seng ganteng dewe. Aku titisan saka Bathara Indra. Gamanku Pasupati lan
Gendiwa. Wes ngono ae,cukup semanten.”
Bima :”Lah kok sitik eram. Yo wes ayo
balek.”
Yudhistira :” Yo wes ayo metu.”
Pandhu lan sanak kerabat balek
menyang Kerajaan. Berita kelairane Arjuna dadi bungahe para warga kerajaan. Madri
seng krungu kabar niku mau bungahe ora ketulungan.Nanging..
Madri :” Oalah alah, nguwasimbak Kunthi
kok seneng eram to to. Nanging aku kapan ngekek i keturunan...Aku kan yo
pengen,sedih aku ngene iki?”
Pandhu : (marani Madri ) “ nyapo to dek,ono opo?”
Madri :” iki lo mas, Mbak Kunthi wes
ngewenehi bocah-bocah hebat kae
gawe samean. La trus aku kapan?”
Pandhu :” Oalah pengen gawe anak to?”
Madri :”Pengen duwe mas uduk pengen
gawe.”
Pandhu :” la iyo gawe sek baru duwe. Yo
mbok ngomong to ojok ngedumel ae.”
Madri :” La iki aku nyapo lek gak
ngomong.”
Pandhu :” yo wes ayo.”
Madri :” Menyang endi?”
Pandhu :” Lembur saiki.” ( karo narik tangane Kunthi)
Dino
keliwat dino,ulan keliwat ulan,taun keliwat taun. Akhire ana kabar yen Madri
wes meteng. Wetenge Madri wes tambah gedhe. Madri bungah eram, lan Kunthi yo
seneng yen Madri akhire wes meteng ...
Madri :”Kun sakniki samean cek kepriye
bayiku.”
Dukun :”siap dewi.” ( karo ngeraba-raba weteng Madri)
Pandhu :”kepriye anakku seng iki? Arab
pisan opo gak?”
Dukun :” Niki koyok e ...Arab niki.
Ganteng pisan niki. Kayata Aliando niki.”
Madri :”Ibuke lo wong arab ,yo anak e
wong Arab pisan to.”
Pandhu :” Lah bapake lo yo wong Arab.”
Dukun :” lahniki wonten seng aneh
niki...Waduh anak e kembar niki kanjeng.”
Pandhu :”Beh padahal sek pisan langsung
kembar. Lanang kabeh pisan. Calon penerus terahno. Yo wes kun iki tak hadiahi
seperangkat alat emas 27 karat. Tak kek no kowe wes.”
Dukun :” maturnuwun lo kanjeng. Waduh
kulo dadisungkan.”
Madri :” aku yo maturnuwun yo kun.”
Dukun :” Nggeh pun kulo badhe kondur.
Selak jawah soale.”
Pandhu :” Oh iyo-iyo nati ati.”
(wetenge Madri keroso loro)
Madri :” aduh wetengku kok slemet-slemet
yo mas,..iki kok loro. Duh mas arep lair iki bayine.”
Pandhu :” opo iyo dek. Waduh...eh kun
mbalik rene. Bojoku arep ngelairne.”
Dukun :” waduh..nggeh kanjeng.”
Pandhu :”Iku wesenek dukune. Wes ndang
garekmbrojol.”
Madri :” Garek mbrojol piye. Kembar
iki.aduh...”
Dukun :”Wes mboten usah ruwet,ndang
disiapne alat lan bahane.”
Pandhu :”Kunthi...
Yudhis...Bima...Juna...mrene kabeh...Madri arep ngelairake. Gowokno alat lan bahane.”
(Kunthi lan anak anak e teko lan langsung ngewangi
mbah dukun.)
(Proses kelairan)
Akhire Madri ngelairake bocah kembar
iku mau lancar. Masio bayi iku mau metu karo engkel engkelan. Nanging...
Pandhu :”Loh iki nyapo? Kok iso ngene iki.”
Kunthi :”ngene piye to pi.La wong wes
nggenah ngono lo. Yowes aku tak ngerumat Madri disek. Ayo kun.” (karo gandeng Madri)
Dukun :” Nggeh ndoro.”
Pandhu :” Eh ora iso...kun, kowe balek rene
kun.”
Dukun :”Lah nopo kanjeng.Kok kulo.”
Pandhu :” Urusanmu karo aku.Iki nyapo kok
iso wadon kabeh ngene.Endi seng jarene lanang. Salah kaprah iki”
Dukun :”Lah nggeh kpriye maleh kanjeng.
Sepuntene kulo luput.”
Pandhu :”Ora iso, aku wes rugi ngene iki.
Wes mbayar larang-larang,kok malah keliru. Ora iso..”
Dukun :” Luput kanjeng luput.”
Pandhu :” saiki balekno hadiah seng tak
kekne mau.”
Dukun :”Loh mboten saged kanjeng.”
Pandhu :” Gak iso piye? Kudu iso.”
Dukun :”Ora iso, jenengan timbilen
mengko.”
Pandhu :”halah kakean omong.
Yudhis...Bima,..Juna..jaluk en hadiahe.Pekso lek gak gelem.”
Yudhistira :”Sepuntene pi,niku kulo mboten saged
kasar menyang wong wadon, wong wadon niku kudune ditresnani mboten dikasari.”
Pandhu :” Loh bedo cerito iki.Bima...”
Bima :” sepuntene pi, dukune niku
awake cilik. Mengko yenkulo seng mekso, wedineawake kepisah-pisah.”
Pandhu :” Halah..Jun..Arjun..”
Arjuna :”Waduh, nganu pi...”
Pandhu :”halah nganu opo meneh. Yowes lek
ngono tak tandangi dewe.”
Dukun :” ampun kanjeng ampun...ampun
khilap kulo khilap.”
Pandhu :” Ora peduli saiki kowe tak kutuk.
Tak kutuk dadi watu....” (Ucape Pandhu
Murko)
Akhire
dukun iku mau kekutuk. Yudhistira,Bima,Arjuna lan bocah kembar iku mau kaget
ndeleng kejadiane.Yudhis,Bima,lan juna podo ngerangkul dheweke.Lan bocah kembar
iku mau krukupan sewekamarga keweden. Pandhu murko lan akhire...
Bima :” puh..kutukane uapik. Dadi
suri karo wedak lo.”
Pandhu :”
Lah iki nyapo kok dadi suri lan wedak. La endi watune?” (Dijupuk lan nguwasi anak anak e.) “lah,nyapo wajae kok ngono.Rene
anak-anakku. Bocah kembar rene nak.”
(nanging bocah kembar iku mau geleng-geleng ora
gelem moro)
Pandhu :”Rene sek ndok.”(bocah kembar
moro) “Anakku sepurane yo.Bapamu wes
murko. Bukane gak bersyukur. Nanging aku oraseneng yen diapusi. Yo wes ndok ku
cah ayu. Awakmu tak jenengi Nakuli lan Sadewi.”
Nakuli :” Loh kok Nakuli lan Sadewi?”
Pandhu :” Yen Nakula Lan Sadewa iku lanang
duduk wadon. Lek wadon yo Nakuli lan Sadewi.”
Sadewi :”Oalah ngonten to. Nggeh pun apik
asmane. Kulo pikir jenengan badhe buang kulo lan Nakuli lo..”
Bima :” iyo arep dikutuk .”
Sadewi :”Kulo sampun unik mboten usah dikutuk.
Mas Arjuna ae dikutuk.”
Arjuna :” Lah kok aku.”
Bima :” Ben apik dadine jun.”
Yudhistira :”Wes gak oleh ngono iku. Wes unik Arjuna
iku.”
Nakuli :” Nggeh mboten angsal ngonten niku.
Haduh galau kulo”
Bima :” Cilik-cilik wes ngerti
Galau.”
Pandhu :” Wes guyone uwes, gak mari-mari
iki engko.”
Nakuli :” nggeh leres.”
Pandhu :” lek ngono anak-anakku dadio arek
seng pinter,seng pateng,seng sabar. Ojo koyo bapake. Nakuli lan Sadewi, iki
suri lan wedak gawe amu ae ndok.”
Y,B,A,N,S :” Leresss kanjeng leresss.”
Akhire
Pandhu tetep nerimo lan legowo marang Takdir. “Pandhawa”, iyo iku arane putra
putrane Pandhu Dewanata. Nanging cerito
iki dudu kisah Putrane Pandhu. Cerito iki kisah anak-anak e Pandhu Dewanata.
Ana lanang lan ana wadon. Iki Dudu
Pandhawa Lima amarga cerito iki cuma plesetan belaka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar