ATUR PAWACA
Puji
syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, bilih
ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Sahingga,
kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge pawulangan Bahasa Jawa.
Makalah
menika dipuntunjuaken kagem nambah wawasan babagan tradhisi ing Tanah Jawa,
salah setunggalipun yaiku upacara kahamilan utawa mbobot lan kalairan miturut tata cara utawi adat kejawen. Upacara
kahamilan lan kalairan iku salah sawijine saking tradhisi Jawa ingkang paling
asring dipunlaksanakaken ing masyarakat Jawa, bilih kanthi tujuan menika kula
bakal nerangaken ing makalah menika bab upacara kahamilan lan kalairan miturut
tata cara Jawa. Wonten makalah babagan punika, kita ngrampungaken miturut bab
piwulangan ingkang dipun aturan saka ajaran Bahasa Jawa.
Pungkasaning
atur, mugi-mugi makalah menika saged bikak “jendela
wawasan” sinten kemawon ingkang maos makalah menika. Kita sedaya dipun
ndamel makalah, ingkang kemampuan kita. Kita mangertos menawi makalah punika
mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun nyuwun kritik lan saran sedaya
ingkang kagungan sifat mbangun.
Cekap
semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun
kagungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing
pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi ridho ing sedaya usaha kita.
Genteng, 20 Mei 2016
Panyerat
DAFTAR
ISI
Sampul
........................................................................................................................................i
Atur
Pawaca
...............................................................................................................................ii
Daftar
Isi
...................................................................................................................................iii
Bab I :
Pendahuluan ...................................................................................................................1
A.
Latar Belakang
..........................................................................................................1
B.
Rumusan Masalah .....................................................................................................2
C.
Tujuan .......................................................................................................................2
D.
Manfaat
.....................................................................................................................2
Bab
II : Isi
..................................................................................................................................3
Bab III :
Panutup/Dudutan .........................................................................................................5
A.
Dudutan .....................................................................................................................5
B.
Saran
..........................................................................................................................5
Daftar Pustaka
...........................................................................................................................iv
Lampiran
....................................................................................................................................v
BAB
I
“Pendahuluan”
A.
Latar Belakang
Masyarakat Jawa
urip ing njero lingkungan sing adat istiadate isih kenthel. Adat istiadat suku
Jawa isih asring digunaake ing saben kagiyatan ing tengah-tengahing masyarakat.
Lan uga meh kabeh ing saben mangsa ing saben kagiyatan masyarakat. Contone,
wiwit mangsa-mangsane kahamilan utawa meteng nganti kematian utawa kepaten. Adat istiadat iki isih
digunaake lan diterapake ing saben kagiyatane.
Masyarakat
suku Jawa iku masyarakat sing cacah populasine utawa penduduke paling akeh ing
Indonesia. Cacahe nganti setengah saka kabeh penduduk utawa populasi kang
manggon ing Indonesia.
Asal
tekane Suku Jawa ana ing Provinsi Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Istimewa
Yogyakarta. Kabeh kagiyatan kauripan masyarakate ora bisa ucul saking adat
istiadat kang wes dipercaya sakat biyen.
Adat
istiadat iki yaiku budaya lan kabiasaan sing wis turun temurun saking nenek moyang sing
dilakoni dening masyarakat Jawa. Ora mung iku, ing masyarakat Jawa wis dadi
kuwajiban nglakoni kagiyatan iku. Kabeh usaha bakal dilakoni supaya bisa
nglakoni adat istiadat iki.
Kanggo
sabagian masyarakat sing ora nglakoni utawa mulai ninggalake adat istiadat iki,
dinggep uwong sing ora wajar. Ora mung iku, biasane uwong iku narima omongan
ala teko masyarakat sakitare.
Akeh
adat istiadat sing ana iku kasumber saka kapercayane nenek moyang saka
masyarakat Jawa lan ora kasumber saka agama, utamane agama islam, kang dadi
agama sing akeh dirangkul dening masyarakat Jawa.
Saka
tekan iku mau, akeh masyarakat Jawa sing mulai ninggalaken ritual adat sing ana
ing masyarakat Jawa iki. Amarga, miturute akeh sing ana ing adat istiadat suku
Jawa iki kang ora cocok karo ajaran agama islam.
Kaya
kang wis kasebutake ing ndukur mau, kaleksanaane adat istiadat suku Jawa iki
ana ing akeh aspek kauripane manungsa. Adat istiadat iki kawiwit sakat teko
njero wetenge wong wadon kang meteng, nganti mati utawa kepaten. Adat istiadat
iki isih ngikuti.
B.
Rumusan Masalah
1.
Apa kang nyebabake akeh masyarakat Jawa
mulai ninggalaken adat istiadat iki ?
2.
Kepriye numbuhake rasa welas marang
budaya dening masyarakat kang mulai ninggalaken adat istiadat Jawa iki ?
3.
Kepriye carane ngaubah pola pikire
masyarakat kang ala tumrap adat istiadat iki ?
C.
Tujuan
1.
Kanggo manuhi kuwajiban tugas saka Bapak
Bagus
2.
Bisa mangerteni adat istiadat Jawa
3.
Bisa nuwuhaken rasa welas marang budaya
dening generasi panerus
4.
Bisa ngaubah pola pikire masyarakat Jawa
kang mulai ninggalake adat istiadat Jawa
5.
Bisa ngalestareake adat istiadat Jawa
D.
Manfaat
1.
Nambah wawasan budaya Jawa
2.
Sarana kanggo ngenalaken budaya Jawa
dumateng generasi penerus bangsa
BAB II
“ISI”
Kabeh uwong mesti nganggep wong
wadon sing meteng kudu dijaga supaya ora kedaden hal-hal ala sing katimpa
marang wadon meteng mau lan calon bayi kang ana ing njero weteng, supaya
diwenehi kapenakan wayah ngalahirake emben. Suku Jawa uga anduweni kapercayan
kaya iki.
Wayah wadon suku Jawa meteng, wadon
iku bakal dijaga temenan supaya ora kedaden hal-hal ala sing katimpa. Gawe
mujudake panjagan iku mau, masyarakat suku Jawa nganaake kagiyatan kaya sajenis
slametan. Slametan iki dilakoni peng pindo wayah meteng mau. Sing pertama,
wayah umur 3 ulan kang biasa kasebut “telon-telon”
lan sing kapindo wayah umur 7 ulan kang biasa kasebut “piton-piton”.
Slametan sing pertama kasebut “telon-telon” amarga wayah iki calon
bayi mau umure 3 ulan. Utawa ing Bahasa Indonesia artine nglakoni hal kang
katelu. Slametan sing kapindo kasebut “piton-piton”
amarga wayah iki calon bayi mau umure 7 ulan. Utawa ing Bahasa Indonesia artine
ngelakoni hal kang kapitu.Ana ing karone ritual “neloni” lan “mitoni” iki
kalakoni dening nggawe aneka jinis panganan tartemtu kang sakwise didumake ing
dulur-dulure lan tangga-tanggane.
Ana jinis panganan tartemtu sing
wajib ana ing wayah slametan wong meteng. Contone “jenang blowok”, yaiku jajan telesan sing digawe saka terigu sing
dibungkus godhong nangka. Conto liyane “trancam”,
yaiku panganan sing digawe saka cacahan utawa irisane timun, tempe goreng,
kacang toro, lan sabanjure diurap utawa dicampur parutane klopo sing diparut
dewe nganggo tangan, ora kanggo mesin.
Jinis panganan iki wajib ana lan
kudu digawe ing karone kagiyatan slametan iki. Salah sawijine ritual “mitoni” sing wajib dilakoni lan ora
nyono utawa ora ilok katinggalake yaiku “tingkeban”.
Ing wayah ritual iki, wadon sing
meteng diadusi nganggo campurane banyu lan kembang kan jinise beda-beda lan
cacahe 3 utawa 7. Kain kang digunaake dai kemben cacahe uga kudhu 7 lan digawe
gantian wayah ritual “tingkeban”
kalangsungake.
Wayah bayi kang ana ing weteng lair
ing dunyo, suku Jawa uga anduweni ritual khusus kangge nyambut laire si jabang
bayi mau. Lan ritual iki uga kagunaake kanggo nguwehi kasalametan dening si
jabang bayi mau lan njaga si jabang bayi saka hal-hal ala kang bakal nimpa si
jabang bayi mau.
Ritual iki uga kasebut istilah
slametan, yaiku “brokohan”. Wayah
jabang bayi lair, kaluwarga mau mulai masak-masak kanggo didumake dening
dulur-dulur lan tangga-tangga sakitar. Biasane, kadung kaluwarga mau uwong kurang
kacukupan, kaluwarga mau masak sak cukupe (umume sak tampah) banjur nyeluk bocah-bocah
cilik supaya mangan kembulan ing omahe kaluwarga mau.
Panganan kanggo brokohan mau umume
sego, urap-urap, endok, tahu kuning, lan mi. Saka teka iku, sego iku kasebut “sego brokohan”. Nanging, saiki ora
kabeh masyarakat nggawe “sego brokohan”
kanggo nyambut kalairane si jabang bayi mau. Ana uga masyarakat sing nggawe “jenang abang”kanggo nyambut.
Awale, akeh masyarakat sing ora
marem. Anging, amarga kamajuane zaman, “jenang
abang” saiki wes lumrah dadi “brokohan”
nganti alasan luwih penak lan gelis nggawene kanggo nyambut si jabang bayi mau.
Wayah bayi wes tekan omah, bayi mau
kudu disandhing gunting, kaca, suri, bawang, brambang, lan godhong dlingu.
Masyarakat Jawa ngarani supaya diwenehi keslametan saka gangguane barang alus,
supaya kerasan lan ora rewel.
Lan sabanjure, “bathur” utawa “ari-ari” gawane bayi mau dipendhem
dening bapak utawa mbah kakung utawa dulur lanang tuwa si jabang bayi mau. “Bathur” mau dipendhem, ditaburi kembang
nduwure, dipageri kayu, banjur dipanjeri lampu.
“Bathur”
mau ditaburi nduwure supaya arum gandhane, menawa wadon supaya ayu rupane,
menawa lanang ngganteng rupane. “Bathur” mau
dipageri kayu supaya ora diganggu dening barang alus. “Bathur” mau dipanjeri lampu supaya gedine bayi mau bisa manfaat
kanggo lingkungan sekitare kaya dene padhange lampu kang bisa madhangi
sekitare.
Wayah bayi adus, bayi mau kudhu
diboboki kunir bathuke. Supaya mripate tetep sehat sampek tuwa lan digunaake
kanggo ndelok hal-hal kang apik. Biasane uga, bayi diwenehi kalung utawa gelang
kang wis didungani dening mbah kakunge supaya bisa kaindar saka gangguane
barang alus.
Wayah bayi wis 36 dina ana ing
dunyo, ana ritual kang kudhu dilakoni dening kaluwarga, yaiku “selapanan”. Wayah selapanan iki,
biasane slametane geden-geden. Menawa kaluwargane iku uwong kecukupan,
dianjurake mbeleh wedus lanang 1 (menawa bayine wadon) utawa wedus lanang &
wadon / lanang & lanang (menawa bayine lanang).
Lan wayah bengine, kaluwarga mau
ngundang tangga-tangga pengajian ing omahe. Lan ing tengah-tengahing acara,
bayi digendong lan diiderake ing sekitare tamu undangan mau.
Wayah bayi diiderake mau, tamu-tamu
undangan gantian ngelus sirahe si jabang bayi mau nganggo campurane banyu lan
kembang 7 rupa. Sakwise dielus, banjur dicukur nganggo gunting kang wis dikum
campurane banyu lan kembang mau. Tujuane yaiku supaya bayi iku bisa dadi
putra/putri kang sholeh/sholehah.
BAB III
“Penutup/Dudutan”
A.
Dudutan
Adat istiadat
masyarakat Jawa saktenane becik dilakoni. Amarga, isi kang kinandut ing
sakjerone ritual-ritual kang kudhu dilakoni iku becik. Yaiku, duweni tujuan
supaya slamet, sholeh/sholehah, migunani dening agama lan negara. Sakliyane iku
kabeh, anane ritual iku, bisa nambahi kabudayan kang ana ing Indonesia sahingga
bisa dadi ciri khas saka masyarakat Jawa. Mongko iku, kita dadi generasi
penerus wajib ngalestareaken supaya ora ilang kegowo jaman.
Nanging,
metu saka iku kabeh. Kabeh gumantung saka masyarakat kang nyikapi. Masyarakat
kang nyikapi ala iku amarga anane ritual adus campurane banyu lan kembang 7
rupa mau kang ora tau diterangne saka Al-Qur`an. Sahingga, akeh kang ngarani “bid`ah”. Masyarakat kang nyikapi apik,
amarga paham maksud lan tujuan ritual mau, sahingga ora nutup mata saking
lingkungan sakitare.
B.
Saran
Sejatine,
adat istiadat suku Jawa iku kaduweni maksud lan tujuan kang becik. Iku kabeh
gumantung saka pola pikire masyarakat kang nyikapi. Masyarakat nyikapi ala
amarga nutup mata siji, namung ndelok salah siji sisi tanpa ndelok sisi liyane.
Namung bisa ndelok ritual adus kembang tanpa mbandingake karo ritual liyane.
Saktemene, umpamane masyarakat iku gelem mbukak mata lorone, masyarakat iku
bakal mangerteni sejatine adat istiadat iku kaduweni maksud lan tujuan kang
khusus yaiku kanggo nyukuri nikmat saka Kang Maha Kuasa. Mangka saka iku,
bukaken kabeh matamu supaya ora gampang ndudutake sasuatu tanpa migatekake
liyane.
DAFTAR
PUSTAKA
Semar,
Pamomong. 2012. Karakter Khas Suku Jawa
Dengan Tradisi Tradisinya.
(Kamis,
12 Mei 2016 ; 16:23 WIB)
Ahira,
Anne. 2013. Adat Istiadat Suku Jawa
Kehamilan Hingga Kelahiran
(Kamis,
12 Mei 2016 ; 16:23 WIB)
Rini,
Chandra. 2010. Upacara Tingkeban (Nujuh
Bulanan)
(Jum`at,
13 Mei 2016 ; 10:23 WIB)
Cak
Syeh. 2013. Tradisi Tingkeban.
(Minggu,
15 Mei 2016 ; 15:07 WIB)
(Selasa,
17 Mei 2016 ; 13:20 WIB)
Mikdars68.
2015. Adat Istiadat Jawa Upacara
Tingkeban (Tujuh Bulanan).
(Rabu,
18 Mei 2016 ; 09:13 WIB)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar